Insert foto : ketok penguruse pesekapas lagi asike nonton sepak bola
Pasruan,wirafokus.com – Sak marine tim kebanggaane arek-arek Pasuruan “The Lassak” Persekabpas gagal mlebu zona nasional Liga 3 tahun 2018, mergo dipecundangi perangkat pertandingan pas main karo Persibara-Banjarnegara.
Nasibpe Persekabpas sing di manageri Kaji Suryono Pane gandeng karo Andri Wahyudi lan Rusdi Sutejo, tambah abu-abu utowo gak jelas.
Teko info sing wis beredar nang masyarakat Kabupaten Pasuruan, manager Persekabpas Kaji Suryono Pane bakal balekno Persekabpas sing wis dicekel kurang luwih 8bulan iki nang Askab PSSI Kab.Pasuruan.
Gak cuma iku tok, wira fokus.com yo krungu slentingan nek arek telu nom-noman sing Gibol (Gila Bola) yoiku Kaji Pane, Kaji Andri lan Kaji Rusdi. Bakal tuku tim peserta Liga 2 teko Kalimantan, sing bakal dijenengno Sakera FC. Iki mergo ketelu arek nom iku ( Kaji Pane, Andri lan Rusdi) gak kepingin repot-repot biyayai klub bal-balan gawe duek sing sumbere teko APBD utowo duek pemerintah.
Miturut Kaji Pane, pas didayoi wira fokus.com karo pengurus Yayasan Suporter Sakeramania Pasuruan (YSSP), ngomong,” sek yo rek sing sabar, pokoke aku tetep kepingin Pasuruan duwe klub sing iso gawe kebanggaane wong sak Pasuruan.
Seje maneh sing diomongo karo Kaji Andri Wahyudi karo Kaji Rusdi, wong 2 iku jawab ” pokoke kabeh tak pasrahno Kaji Pane, nek Kaji Pane ok,aku wong 2 bakal dukung sakjuta persen”. Intie opo ae sing iso gawe Kabupaten Pasuruan apik, pasti tak dukung lan wong sak Kabupaten Pasuruan bakal melok dukung kabeh.
Nek slentingan kabar iku pancene bender, iso dibedhek nasibpe Persekabpas Pasuruan bakal tambah ambles teko persepakbolaan nasional. Iki iso diprediksi Persekabpas nasibpe bakal koyok Persida Sidoarjo lan Persema Malng. Pas wayah main, gak onok penontone. (tim)
